Definisi tembung katrangan (kata keterangan, adverbia) ing basa Indonesia
yaiku :
1. Adverbia adalah kata yg memberikan keterangan pada verba,
adjektiva, nomina predikatif, atau kalimat, msl sangat, lebih, tidak
Adverbia atau kata keterangan (Bahasa Latin: ad,
"untuk" dan verbum, "kata") adalahkelas kata yang
memberikan keterangan kepada kata lain,
seperti verba (kata
kerja) danadjektiva (kata
sifat), yang bukan nomina (kata
benda). Contoh adverbia misalnya sangat,amat, tidak.
Basa Jawane :
Tembung katrangan (Adverbia atau kata keterangan) (Bahasa Latin: ad,
"untuk" danverbum, "kata") yaiku jinis tembung
kang menehi katrangan marang tembung liya, kaya tembung kriya (kata kerja,
verbum) lan tembung kahanan (kata sifat, adjektiva), tembung katrangan liyane, sing
dudu tembung aran (kata benda, nomina) . Tuladha tembung katrangan :banget,
ora, nemen.
Tembung katrangan ing basa Jawa bisa digolongake miturut:
A. TEMBUNG KATRANGAN MITURUT WUJUDE.
1. Tembung katrangan
tunggal.
Tembung katrangan bisa dibedakake dadi telung golongan yaiku: sing arupa
tembung lingga, sing arupa tembung andhahan, lan sing arupa tembung rangkep.
1.
Tembung katrangan sing arupa tembung lingga.
arang, arep,asring, banget, banjur, bisa, biyen, bokmanawa, bubar, cetha,
cukup, dhedhet, dhek, dhisik, dungkap, durung, embuh, gampang, gelis, genah,
iba, isih, jegreg, katut, kemput, kerep, keri, kudu, kuna, kurang, lagi,
langka, luwih, malah, mau, meh, melu, mempeng, mendah, mengko, mesisan, mesthi,
minangka, mligi, muga, mumpung, mung, nate, ndadak, nuli, padha, pancen, pet,
rada, saiki, sarwa, sesuk, tansah, temen, thok, tuna, tuwuk, uga, ugi, wae,
wareg, wingi, wis,
2.
Tembung katrangan sing arupa tembung andhahan.
anakalane, anggone, katone, kebacut, kebeneran, kepingin, lumrahe, nedya,
ngepasi, njegreg, saanane, sabenere,sacukupe, sadurunge, sakabehe, sakuwasane,
salumrahe, samana, samangsa, samesthine, sanalika, sangsaya, sapantese,
saperlune, satemene, sateruse, sawise, sejatine, sepisan, suwalike, wusanane,
3.
Tembung katrangan sing arupa tembung rangkep
enggal-enggal, kadhang- kadhang, kala-kala, kira-kira, kuna-makuna,
muga-muga, muluk-muluk, pisan-pisan, saya-saya,
4.
Tembung katrangan sing arupa tembung camboran.
sipat kuping, gulung koming, tuna dungkap, suk emben, dhek biyen, biyen
mula, dhek wingi, kadhang kala,
2.
Tembung katrangan gabungan
Tembung katrangan gabungan dumadi saka tembung katrangan cacah loro sing
arupa tembung lingga. Tembung lingga loro kasebut arupa tembung katrangan
gabungan ana sing urutan, lan ana sing ora urut.
1.
Tembung katrangan gabungan sing urut.
· Sandi meh wae ketabrak
pit montor.
· Pardi iku ora bodho mung
wae ora gelem sinau.
· Bocah autis iku during
mesthi yen bodho.
2.
Tembung katrangan gabungan sing ora urut.
·
Ora mung dheweke wae sing
bisa nglumpati kalen iki.
·
Awake dhewe iki mung manut wae apa
sing kok kandhakake.
·
Walanda rumangsa ora kaiket maneh dening
Perjanjian Renville.
B . TEMBUNG KATRANGAN MITURUT PAPANE ING UKARA (PERILAKU SINTAKSIS)
A. Panggonane ndhisiki
tembung kang diterangake .
·
Jam sewelas bapak durung kondur.
·
Pak guru lagi maos buku.
·
Soal matematika luwih angel katimbang
soal IPS.
B. Ngiringi tembung sing
diterangake.
·
Lakune mandheg jegreg bareng weruh
ula malang dalan.
·
Lakune arak-arakan rendhet banget.
·
Lampune mati pet, swasana peteng dhedhet.
C. Ndhisiki utawa
ngiringi tembung diterangake.
·
Anggone ngangsu ngelmu durung suwe.
·
Adhiku nate melu tes CPNS.
·
Pethi iki aku ora becik
kanggo nyimpen wayang.
D. Ndhisiki lan ngiringi
tembung sing dipratelakake.
·
Ora mung dheweke wae sing
bisa nglumpati kalen iki.
·
Awake dhewe iki mung manut wae apa
sing kok kandhakake.
·
Walanda rumangsa ora kaiket maneh dening
Perjanjian Renville.
C.TEMBUNG KATRANGAN MITURUT MAKNANING TEMBUNG ING UKARA (PERILAKU SEMANTIS)
1. Tembung katrangan
drajat (adverbial kualitatif).
Tembung katrangan drajat (adverbia kualitatif) yaiku tembung katrangan kang
nggambarake makna sing gegandhengan karo undha usuk, drajat, utawa mutu. Sing
kalebu tembung katrangan iki antara liya: paling, banget, luwih, lan kurang.
1. Amini paling pinter
ing kelasku.
2. Menara ing alun-alun
iku dhuwur banget.
3. Anggonmu nggawe andha kurang dhuwur
2. Tembung katrangan
cacah (adverbia kuantitatif).
Tembung katrangan cacah (adverbial kuantitatif) yaiku tembung katrangan
kang nuduhake cacah. Kang kalebu golongan iki yaiku : akeh,
kathah, sethithik, sithik, sekedhik, kira-kira, kinten-kinten,
cukup, cekap.
1.
Wangsulanmu akeh klerune.
2.
Tulisanmu sethithik ana sing ora bisa
dipercaya.
3.
Wong akeh iki apa kira-kira percaya
marang kowe?
3. Tembung katrangan
watesan (adverbia limitatif).
Tembung katrangan
watesan (adverbia limitatif) yaiku tembung katrangan kang nuduhake wates. Kang
kalebu ing golongan iki yaiku: mung, wae, sakadare.
1.
Aku mung nganggo kaos nalika menyang
segara.
2.
Sadina wingi aku mung turu wae.
3.
Anggomu menehi aja akeh-akeh, wenehana sakadare wae.
4. Tembung katrangan mratelakake
arang-kerepe kedadean (adverbia frekuentatif).
Tembung katrangan
mratelakake arang-kerepe kedadean (adverbial frekuentatif) yaiku tembung
katrangan kang nggambarake kerep lan orane prastawa kang diterangake tembung
katrangan kasebut. Tembung kang kagolong tembung katrangan iki : tansah,
asring, arang, arang-arang, kadhang-kadhang, kadhang kala, kala-kala, saben,
kala mangsa, arang kadhing, sok-sok.
1. Saben mulih saka sekolahan,
dheweke tansah mampir ing omahe Narti.
2. Bakul sate iku kala-kala liwat
ana kene.
3. Montore kadhang-kadhang disilih
tanggane.
5. Tembung katrangan mratelakake wayah
(adverbia kewaktuan).
Tembung katrangan
mratelakake wajah (adverbia kewaktuan) yaiku tembung katrangan kang nggambarake
makna kang gegandhengan karo wektu kedadeane prastawa sing diterangake dening
tembung katrangan iku. Tembung katrangan kang kalebu golongan iki yaiku: lagi
wae, enggal-enggal,
1. Aku lagi wae lungguh
ana kursi iki.
2. Bareng krungu swara bom, aku enggal-enggal mlayu.
6. Tembung katrangan laku (adverbia
kecaraan).
Tembung katrangan laku
yaiku tembung katrangan kang nggambarake makna sing gegandhengan karo kepriye
prastawa sing diterangake dening tembung katrangan iku kedadean. Tembung
katrangan kang kalebu golongan iki yaiku: meneng-meneng, alon-alon,
kanthi premati, grusa-grusu,
1. Pak Sastra meneng-meneng munggah
kaji.
2. Jalaran ora cocog karo atine anggone
nggarap grusa-grusu.
3. Jalaran wektune isih longgar anggone
nandangi alon-alon.
7. Tembung katrangan kosok balen (adverbia
kontrastif).
Tembung katrangan
kosok balen yaiku tembung katrangan kang nggambarake maknane tembung utawa bab
kang kosok balen karo kang dipratelakake sadurunge. Kang kalebu ing golongan
iki yaiku : malahan, malah, suwalike,
1. Dheweke ora nulung nanging malah menthung.
2. Kowe kuwi dikongkon ngalor kok malah ngidul.
3. Adhine sregep sinau, suwalike kakange
nyemok buku wae ora gelem.
8. Tembung katrangan pamesthi (adverbia
keniscayaan)
Tembung katrangan
pamesthi (adverbial keniscayaan) yaiku tembung katrangan kang nggambarake
maknane gegandhengan karo mesthekake kedadeane prastawa sing diterangake
tembung katrangan kasebut. Kang kalebu golongane tembung katrangan iki: mesthi,
cetha, genah.
1. Mengko sore aku mesthi menyang
omahmu.
2. Mardi wis cetha sing
nggawa sepedhahku.
3. Pak Marta wis genah ora
bisa rawuh rapat.
ADVERBIA KONJUNGTIF
Tembung katrangan minangka panggandheng (adverbia konjungtif) yaiku tembung
katrangan kang nggandhengake klausa utawa ukara karo klausa utawa
ukara liyane. Tuladha tembung katrangan minangka panggandheng yaiku :
1. sanajana mangkono,
sanajan, ewasamono.
a. Pegaweyan kang durung
tutug, pegaweyan iku durung bisa dipek asile, arepa
kekurangane iku mung sethithik. Sanajana mangkono tetep
diarani durung rampung.
b. Kita saiki wis
ndarbeni sarat-sarat kasebut kang diwedharake ing buku iki. Sanajan ora
sampurna nanging tumrape kang temen-temen nedya mbeciki nasibe dhewe,
istingarah wis nyukupi.
c. Ing ngarepe wis
dakandarake panemune para ahli saka kedhokteran.Ewasamono ora kok
mung para dhokter kang nduwe panemu kang mangkono mau.
2. banjur, sawise iku,
sateruse,
a. Kang Marna njupuk
pacul ing buri omah, banjur mlaku liwat iringan omah tumuju
menyang sawah.
b. Simbah mususi beras
ana sumur, banjur digawa menyang pawon arep ngaru beras mau. Sawise
iku nggodhog banyu kanggo nggawe wedang.
c. Kayu gedhe iku
ditegor, digraji, banjur ditumpuk ing kulon pager.Sateruse digawa
menyang kutha arep didol.
3. saliyane iku,
a. Pegaweyane Pak Marta
akeh, ngolah sawah, adol kayu, nggawe mebel.Saliyane iku yen ana
pesenan nggawe bata uga digawekake.
4. suwalike,
a. Bangsa ngendi wae kang
wus mardika, ora ana kang mbuwang tata kramane dhewe-dhewe. Suwalike padha
ngupakara murih bisane laras karo kahananing jaman.
b. Kita kudu biasa
nindakake pegaweyan ing wektune kang tepat, aja nganti lungse utawa kasep, suwalike iya
aja nganti kuwalahen lan kesusu-susu.
5. satemene,
a. Satemene sing nggawe jaranan
iku dudu pak Dira, nanging pak Sastra.
b. Sing ngarang lagu iku
dudu Martinah. Satemene sing ngarang lagu iku Sujinah.
6. malah,
a. Sakehing rekadayane
gagal, bapake ditahan ing kunjara, malah nom-noman mau nate
nemahi kasangsaran nganti kaliren.
b. Sekolahanku ora mung
entuk juwara harapan wae, dhek wingi malah entuk juwara nomer siji.
7. nanging,
a. Saben bangsa nduwe
tata-cara dhewe, nduwe tata-krama dhewe.Nanging umume ing kalangane
bangsa kang wis maju padha bias nglarasake dhiri.
b. Yen mapanake lenggah
ing pasamuan, bioskup, wayang wong, lsp kaun wanita diacarani lan diprenahake
dhisik. Nanging yen arep antri karcis kang wonge suk-sukan ,
kaum priya kang maju ana ngarep.
8. kajaba iku, kajaba
a. Kajaba apa kang wis
kasebutake, kaum wanita iku kudu oleh pakurmatan kang mirunggan.
b. Bocah-bocah didhawuhi
melu kabeh, kajaba sing lara.
c. Bocah bisa mlebu PNS sawise
cukup umure. Kajaba iku kudu oleh palilahe wong tuwane.
9. mula saka iku,
a. Restoran utawa gedhung
pertemuan iku papan kanggo umum. Mula saka iku, sapa wae kudu
njaga aja nganti gawe pepalange wong liya.
b. Bocah-bocah iku ing
tembe kang dadi kekembanganing bangsa. Mula saka iku, bocah-bocah
kudu nduweni rasa pangrasa marang ajining dhiri, ajining bangsa, lan kudu
nggegulang tata krama.
10. sadurunge iku
a. Nalika nonton wayang
wong kudu lungguh sing becik, sadurunge ikukudu ditliti dhisik apa
kursi lungguhan mau pancen dadi hak-e.
b. Aku wingi tuku gedhang
neng pasar Ngaglik. Sadurunge iku aku tuku duren.
TEMBUNG KATRANGAN KANG DUMADI SAKA JINISE TEMBUNG LIYA.
Tembung katrangan bisa kedadean saka tembung liya. Tembung katrangan sing
kaya mangkono bisa diperang dadi :
1. Tembung katrangan saka
tembung kriya (adverbia deverbal).
Tembung katrangan kang diandhahake saka tembung kriya : ngerti-ngerti,
kira-kira,Tembung ngerti-ngerti diandahahke saka tembung ngerti, semono uga
kira-kira saka tembung kira.
a. Aku nggoleki adhiku mrana-mrene, ngerti-ngerti dheweke
wis turu ana omah.
b. Pegaweyane akeh
banget, kira-kira mengko sore dheweke ora mulih.
2. Tembung katrangan saka
tembung kahanan (adverbial deadjektival).
Tembung katrangan sing diandhahake saka tembung kahanan (kata sifat).
Tembungsatemene, sadhuwur-dhuwure, saapik-apike diandhahake saka
tembung temen, dhuwur, lan apik.
a. Satemene panemumu iku
apik, nanging durung bisa ditampa dening wong akeh.
b. Kowe sekolaha sadhuwur-dhuwure.
c. Saapik-apike bramacorah isih tetep
ora kena dipercaya.
3. Tem bung katrangan
saka tembung wilangan (adverbia denumeral)
Tembung katrangan sing diandahahke saka tembung wilangan antara liya: sithik-sithik,
akeh-akehe,
a. Sithik-sithik dheweke mesthi
nesu, banjur ngajak padu.
b. Wong iku akeh-akehe ora
gelem ngrekasa.
0 komentar:
Posting Komentar