Menungsa Grobag

Posted by

Menungsa Grobag

Marnani urip ing Jakarta
Mingser seka kene menyang kana
Ambegan kang gumantung karo uwuh
Ngemis gelo sakndhuwure grobag

Tan ana papan kanggo ngeyup
Tan ana papan kanggo sulaya lan nggresula
Ngrasakke anget lan ademe wektu
Madeg ana ing kutha kang mbegu
Tan ana kang preduli
Mesthi dadi sapu resike pol PP kang patroli
Tan ana kang kersa ngrasakke uripe
Nadyan pasa lagi liwat winginane

Apa kang wong-wong kae goceki
Apa kang wong-wong kae arepi
Seka reged utering grobag kang tepo
Seka cendhalaning lebu kang uga padha sulaya

Apa ora ana sakkothak wae lemah kanggo wong-wong kae ?
Apa ora ana sakgenggem kapuk wae kanggo turu wong-wong kae ?
Apa ora ana saklembar wae kertas kanggo sinau bocah-bocah kae ?
Nailka, kowe meksa wong-wong kae ndorong grobag
Seka kene tumuju kana
Mlaku ana ing sakngisoring panase kalandara

Menungsa grobag namati kejem utering rodha


FOLLOW and JOIN to Get Update!

Social Media Widget SM Widgets




Demo Blog NJW V2 Updated at: 08.58

0 komentar:

Posting Komentar

Recent Posts

Diberdayakan oleh Blogger.

Followers