Rasulan yaiku
sawijining budaya tradisional saka daerah Gunungkidul kang lumrah dilakokake
sawise panen teko, cara mau duweni ancas kanggo ngucapake syukur marag gusti
awit wis paring rejeki lan minangka ritual supaya bisa uwal saka musibah. Tembung
rasulan dhewe ora saben dikaitke kalawan sawijining acara kang ana sambung
rapete karo pengetan kanggo sawijining momen gesange Nabi Muhammad SAW, kaya
maulid Nabi utawa Isra Miraj. Nanging rasulan kanggone warga ing Gunungkidul
minangka sawijining acara kang di anakake kango gusti kang murbengrat awit wis
paring nugraha kanggone para warga.
Warga
ing Gunungkidul nengeri rasulan minangka dina riaya katelu, sakliyane Idul
Fitri lan Idul Adha. Dadi, tradisi iki mirip karo tradisi lebaran, ing ngendi
sawijining pawogan teko ing omahe sedulure kanggo silaturahmi lan ngrasakake
enake panganan kang wis sumadya. Urung ana cathetan kang resmi kapan tradisi
rasulan iki dilekasi. Nanging, sing genah menawa tradisi iki wis ditindakake
suwe - suwe dina lan minangka warisan saka leluhur masyarakat Gunungkidul. Tradisi
kang di anakake setahun sepisan iki biasane ditidakake nganti pirang - pirang
dina lan diwiwiti kanthi kerja bakti ngresiki lingkungan sakupenge dhusun kayata
mbenerake dalan, gawe utawa ngecet pager pekarangan, lan ngresiki makam. Mula,
tradisi rasulan iki uga bisa diarani merti desa utawa bersih dhusun.
KEISTEMEWAAN
RASULAN
Akeh
nilai positif kang
bisa digunakake ing tradisi
rasulan. Bakune kanggo masyarakat Gunungkidul, tradisi iki minangka
salah sawijining budaya lokal kang perlu dilestarekake. Kejaba kuwi, tradisi
iki uga minangka srana kanggo nuwuhake semangat paseduluran, lan dadi salah
sawijining wadhah kanggo wisatawan manca. Tradisi iki uga nampilake lan ngenalake
kesenian lan kabudayan masyarakat Gunungkidul. Ing wengi pungkasane acara
rasulan, kang padha teko bisa nonton maneka warna tampilan.
0 komentar:
Posting Komentar