Resiko Dadi Aktivis Kampus

Posted by

RESIKO DADI AKTIVIS KAMPUS

Ora kaya biyasane jaringan internet ning Unnes suwene ora jamak. Listrik ning Unnes delalah mati sisan. Doni lan Anton bingung kepiye carane ora keri ngirim jawaban uts ning emaile Bapak Rudi.
          “Sugeng enjang para mahasiswa, kaya dene apa kang dak kandake nalika tetemon minggu wingi, ing tetemon menika jadwale uts pkn. Ananging soal – soale dak kirim lewat email. Mengko garapanmu dikirim ning emailku paling suwi jam wolu bengi. Sawise jam wolu bengi, tugas ora bakal dak tampa !” ngendikane Bapak Rudi minangka dosen pkn.
          Disiplin ora tau telat kang dadi prinsipe Bapak Rudi. Limang menit sakdurunge mata kuliah diwiwiti, Bapak Rudi wis ana ning jero kelas. menawa ana mahasiswa mangkate keri bakal dikon gawe surat pernyataan kang isine ora mbaleni mangkat keri maneh. Dadine mahasiswa gelem rak gelem kudu latihan disiplin.
Tau ana kadadean nalika Ali saweg tekan parkiran, Ali weruh Bapak Rudi. Sanalika Ali langsung mlayu menyang kelas supaya ora keri. Sak durunge Ali Tekan kelas, Bapak Rudi wis ana ing jero kelas disik. Kanthi prinsip kaya mangkono,  patut wae yen Bapak Rudi didadekake asistene Pak Fatkhurrahman minangka Rektor Unnes.
           Bibar kuliah dipungkasi kaliyan Bapak Rudi, ana rong mahasiswa kang tingkahe rada bingung, jenenge Doni lan Anton. Dheweke bingung apa bisa ngumpulke tugas ora luwih saka jam wolu bengi. Amerga dina kui jadwal kuliahe saka jam pitu esuk nganti jam lima sore, padahal jam setengah pitu ana agenda temu maba diklatsar lan gladi karawitan gawe iringan ketoprak.
          “Don Don ! piye ki ? apa awake dhewe bisa ngirim jawaban utse sak durunge jam wolu bengi ?” pitakone Anton marang Doni.
          “walah piye ya ? wis teka digarap sak bisane bae, senajan ora bisa ngirim pas jam wolu bengi, ya mengko ngomong apa anane karo Pak Rudi. Sokor – sokor bisa ngirim sakdurunge jam wolu,” jawabe Doni.

          Doni lan Anton menika mahasiswa kang bisa diarani aktivis mahasiswa. Panitia acara apa bae dimeluni,  kayata makrab jurusan, workshop, seminar, munas imbasadi (Ikatan Masasiswa Bahasa dan Sastra Daerah SeIndonesia) lan sapanunggalane. Dheweke melu organisasi HIMA lan Ukm Kesenian Jawa. Ukm kesenian jawa menika akeh agenda – agenda ­kang kudu diayahi, kayata nalika ditanggap wong mantu utawa ditanggap ngiringi wisuda, kudu gladi disik. Biasane pendak dinane gladi nganti wengi supaya pas ditanggap katon apik, malah tau gladi sampek meh subuh gek rampung. Ana agenda rutin slasa legen kang dianake selapan sepisan ning Gedung Auditorium Unnes. Terus ya ana agenda kang kudu diayahi minggu – minggu iki, yaiku slasa legen ingkang badhe ngrawuken Dalang Bapak Supadi, agenda diklatsar kanggo calon anggota anyar, gladi gawe pentas diklatsar lan gladi gawe iringan ketoprak.
          Agenda – agenda kang padet menika garai tugas – tugase Doni lan Anton keteteran. Kayadene tugas kang diparingi Bapak Rudi yaiku kon ngirim jawaban uts ora entok punjul saka jam wolu bengi. Ora pingin keri ngimke jawaban uts, Doni lan Anton usaha garap ing sela – salaning kagiatan menika.
          “Ton garapanmu uwis dadi po durung ? ayo ijin sek sedelok gawe ngirim tugas !” ajake Doni.
          “wis dong. ayo ! tapi kowe sing ijin mas gilang ya !”
          “ok.”
          Jam wolu kurang setengah jam. Nalika ijek gladi karawitan gawe iringan ketoprak, Doni lan Anton ijin sedelok gawe ngirim jawaban uts ning emaile Bapak Rudi. Yahmono Ing sekitar unnes peteng dedet amerga listrike mati awit dek sore.
          Ora kaya biyasane jaringan internet ning Unnes suwene ora jamak. Wifi kang bisa digunakake amung ning Dekanat utawa ning Rektorat, amargi gedung Dekanat utawa gedung Rektorat gowo jenset. Kuwi wae sing gunakake wis wong akeh. Pangarepan bisa nyambungke jaringan wifi sirna. Delok kahanan kaya mangkono, Doni ngempake jaringan wifi (thetring) saka hpne. Pancen bisa nyambung (connect), ananging bukak gmail wae suwene ora jamak. Tinggal ngeklik tulis loadinge suwi lan akhire eror. Gowo modem padha bae muspra. Sampek jam wolu tugas durung bisa dikirim.
          “Dooon ! piye ki, wis jam wolu tugase durung bisa dikirim ?” pitakone Anton bingung kaya kutuk kelangan mbokne.

          “ya wis Ton, sms Pak Rudi bae, ngomong apa anane. Muga – muga Pak Rudi bisa ngerteni awake dhewe. Ya pancen ngene iki resikone dadi aktivis kampus. Tugas padha keteteran, gur bisa ndueni pangarepan arupa welase para Dosen. Ora beda kaya wong jaluk – jaluk kang ngarep welase wong – wong sugih.


FOLLOW and JOIN to Get Update!

Social Media Widget SM Widgets




Demo Blog NJW V2 Updated at: 12.14

0 komentar:

Posting Komentar

Recent Posts

Diberdayakan oleh Blogger.

Followers