Kangelan

Posted by



KANGELAN

Rasane kaya kangelan
Golek warna kanggo njangkepi endahe
Lukisan kang nate kotuduhake
Sakeplasan pancen, nanging
Mripat wis kepranan lungite
Sumorot nimbus dhada
Ngawutawut jantrane getih kang mapan
Nganti nyebal ing plataran
Mesthine kudu nyilih kluwung
Nempil jinggane kanggo mulas papan suwung
Kang during kaisi dening biru ungu utawa kuning

Rasane pancen kangelan
Golek warna kanggo njangkepi endahe
Lukisan kang nate kotuduhake
Ing panyawangku
Garis-garis reriptanmu
Manjilma dadi teja kang cahyane
Luwih dening sampurna


FOLLOW and JOIN to Get Update!

Social Media Widget SM Widgets




Demo Blog NJW V2 Updated at: 10.00

0 komentar:

Posting Komentar

Recent Posts

Diberdayakan oleh Blogger.

Followers