Orapapa

Posted by

Ora Papa



Nalika gegodhongan ngijo
Tanpa swara tanpa udarasa
Niba mebur kanthi legawa
Tan bisa sulaya apa maneh kok nglokro
Nadyan kemecer anggone sambat lara

Orapapa
Yen mega pancen wis ngendikan ngono
Aku yaa mung bisa narima
Dhuh Gusti kang Maha Kuwasa
Sejatosipun panjenengan pirsa
Pundi, sinten, ugi kepripun anggenipun kula nandang sungkawa

Orapapa
Nalika jaladri isih mbiru
Jago isih tan bisa turu
Lan isih ana tandha godhong waru
Iyaa, aku sedya melu mlaku
Sakdawane marga kang wus pinuju

Orapapa,

Tenan aku orapapa.

Sekaran, 10 Januari 2016


FOLLOW and JOIN to Get Update!

Social Media Widget SM Widgets




Demo Blog NJW V2 Updated at: 20.57

0 komentar:

Posting Komentar

Recent Posts

Diberdayakan oleh Blogger.

Followers