Parikan Jawa Lucu Gokil

Posted by

PARIKAN

Dulure kuntilanak jenenge hantu,
Ketabrak becak langsung mental,
Paling penak duwe pacar aku,
Turu ngglethak gak perlu bantal.

Sing abang wae akeh
Sing ijo-ijo kok di unduhi
Sing prawan wae akeh
Sing duwe bojo kok di rusuhi

Wit jati di gawe kayu
Wit Klopo ugo di gawe kayu
Niat ati pengin ngrayu
Gek nyopo malah ditinggal mlayu

Mlaku-mlaku di cokot yuyu
Nang tretes di gepuk palu
Rodok susah duwe bojo ayu
Dompet kempes nang sirah ngelu

Esuk-esuk moco koran,
Suguhane acar karo gorengan,
Moto ngantuk gelagapan,
Nelpon pacar keliru selingkuhan

Endok gemak bunder- bunder
Kroso penak gayer-gayer

Numpak kreto jejer masinis.
Masio rondo sih kinyis-kinyis

Preng rekethek gununge  jebol
Susu menthek marakake ngompol

Bule ayu jenenge turis,
Siji ngguyu liyane mringis.

Ana ketan di pangan ula
Tak kira prawan jebule randa

Lomba mlayu, tekan ngarep gerbang
Paras ayu, tapi mlakune ngambang

Nyangking ember kiwo tengen
Lungguh jejer tombo kangen

Nyangking ember kiwo-tengen
Lungguh jejer tombo kangen

Ambu alas wernane ijo
Tiwas  ngagas wis duwe bojo



FOLLOW and JOIN to Get Update!

Social Media Widget SM Widgets




Demo Blog NJW V2 Updated at: 09.28

0 komentar:

Posting Komentar

Recent Posts

Diberdayakan oleh Blogger.

Followers