Nah para pangrawuh blog sinau njawani
kang mesthine pada sehat kabeh, nak ora sehat yo muga-muga ilang sehate. Uups,
ilang larane maksute. Hehehe. Ana ing kalodangan menika aku mosting Cerkak kang
judule “Gara-gara nglembur nggarap PR”. Cerkak iki nyeritake Warti minangka pelaku
utamane kang ora bisa turu bengi amarga kewengen anggone nglembur tugas. Ora namung
nyaritakake Warti kang ora bisa turu. Nanging uga nyeritakake keluwarga kang harmonis.
Nah kaya kepiye cerita komplite. Mangga maos piyambak.
GARA – GARA NGLEMBUR NGGARAP PR
Ing salah sawijining keluwarga, ana
jenenge Bapak Mulyana kang nyambut gawe ing Polsek Gunungpati. Dheweke nduweni
sesandhingan urip kang jenenge Bu Atun, bojone nyambut gawe ana ing salah
sawijining SMP, yaiku SMP Negeri 24. Kekarone mau pinaringan anak telu yaiku anak
kang barep jenenge Satrio, dheweke sekolah kelas telu SMA. Satrio nduwe adi
dampit kang jenenge warto lan warti, wektu iki sekolah kelas siji SMA. Sak
sekolahan karo Satrio, yaiku sekolah ing SMA N 12.
Saben jam lima esuk anake telu wis
padha digugah maring Bapakne, banjur anak telu mau padha tangi lan sembahyang.
Sak wise padha sembahyang Warti ngiwangi Ibune masak, lan cah lanang loro
ngiwangi Bapakne resik-resik lan nyiapke apa kang dikanggokne. Sak banjure Warti lan kakang-kakangne padha
rampung ngiwangi wong tuwane, banjur padha adus lan siap-siap mangkat sekolah.
Yen wis padha siap, sakeluarga kui
sarapan bareng. Sadurunge mangkat sekolah, Warti lan kakang-kakangne ora lali
pamit marang wong tua. Sawise padha mangkat sekolah, banjur Bapak lan Ibune
padha mangkat dines.
-
- - -
Jam sewelas luwih rong puluh menit,
Warto lan Warti wis padha bali sekolah, banjur mlebu kamare dhewe-dhewe. Ora
suwe Pak Mulyono, Bu Atun lan Satrio uga padha bali. Awan-awan wayahe padha
mangan awan. Bu Atun minangka Ibu rumah tangga ngundang anak-anake.
“Iki meh padha mangan apa cah?”
“Pecel
Buk,” wangsulane warti kang kepingin mangan pecel.
Kakang-kakange padha manut.
Sabanjure padha mangan bareng, keluwarga
Pak Mulyono padha turu awan.
-
- - -
Wektu sore Pak Mulyono wis tangi lan ngumbah
mobile. Bu Atun kang weroh bojone ngumbah motor dhewean langsung ngundang
Satrio lan Warto.
“Satria, Warto mrene aa !”
“Ya buk,” jawabe Satrio karo
ngucek-ngucek mripate.
“Kae bapakmu diiwangi ngumbah mobil !”
perintahe Bu Atun.
Nganti pak Mulyono, Satrio lan Warto
rampung ngumbah mobil, Warti durung tangi. Weroh anake turu nganti durung
sholat ashar, pak Mulyono nggugah anak wedoke
“Nduk tangi wis jam lima, durung shalat barang
hloo !”
“Nggih pak,” karo ngucek-ngucek mripate
Warti tangi lan sholat ashar.
Bibar sholat Warti kaget weroh
kakangane. Ora kaya biyasane jam yahmene kakang-kakangne wis padha katon bagus.
“Lho kok dengaren men wis padha adus ?
”
“Mogakna aja turu wae,” jawabe Satrio
karo guyu cekikikan.
“Wis wis wis. Warti kono ndang adus, ki
arep padha golek mangan ning jaba,” Perintahe Pak Mulyono.
Warti adus nganti kesusu. Durung sempet
dandan, Warti sakeluwargane mangkat golek mangan.
Tekan alun-alun mini Ungaran, mobil
kang nggawa Warti sakelwargane mandek. Amarga wis wancine maghrib, sakeluwarga
kuwi padha sholat magrib ana ing masjid Agung Ungaran.
Metu
saka masjid, keluwarga kuwi mara ing warung penyetan kang ana ing alun-alun
mini Ungaran. Nalika tekan warung Satrio Lan Warto langsung pesen marang bakul penyete.
“Bawal bakar buk !” bengoke Warto kang
seneng marang bawel bakar.
“Kula
nila buuk !” bengoke Satrio kang ora gelem kalah.
Kakang-kakange wis padha pesen menu
kang disenengi, namung Warti kang meneng wae.
“Kowe meh pesen apa nduk, kok ket mau
meneng wae ?” pitakone bu Atun.
“kula manut mawon buk,” wangsulane
Warti karo mesem kang kepeksa.
Pak Mulyono, Bu Atun lan Warti pesen
lele kang digoreng garing.
Lagi padha gegojegan, ana rewang warung
penyet kang mara.
“Badhe ngunjuk punapa pak ?” pitakone rewang
warung penyet.
“Es teh mawon mas. Pesen papat, sing
siji teh panas.” Wangsulane Pak Mulyono.
Sinambi nunggu pesenane, kaluwarga kuwi
nerusake gegojekan. Namung Warti kang ket mau meneng wae.
Sabare pesenan teka, sakeluwarga kuwi
padha mangan bareng. Ananging durung rampung anggone mangan, Warti ngejak bali.
“Pak, mangkeh bibar dahar langsung
wangsul gih.”
“Iya nduk, la kenek apa ket mau meneng
wae ngerti-ngerti ribut ngejak bali ?” takone Pak Mulyono.
“Kula badhe nggarap PR pak, benjang pun
kedah dikempalaken,” wangsulane Warti.
Bibar wis padha rampung kabeh, sakeluwarga
kuwi banjur bali. Biyasane bibar mangan sakeluwarga kuwi mlaku-mlaku ndisik
ndelok kaendahan kang ana ing alun-alun mini Ungaran. Nanging wektu iki
sakeluwarga padha mangerteni yen Warti meh nggarap PR kang dikei Gurune.
Tekan omah, Pak Mulyono langsung
nglebokke mobile ana ing garasi. Warti langsung mlayu menyang kamare gawe
nggarap PRe. Kakang-kakange mara ing panggonan kang biyasane gawe nonton tv
sakeluarga. Ora suwe Bu Atun lan Pak Mulyono nyusul Satrio lan Warto.
-
- - -
Nganti jam 10 Warti durung turu,
kakang-kakange lan Bapakne wis pada turu awit jam sanga mau.
“kok durung turu nduk, nggarap PR apa ?”
Bu Atun mara kamare Warti lan takon marang Warti.
Krungu pitakone ibune kang dhumadakan,
warti kaget.
“Eh njenengan ta buk, dak kira sinten.
Niki buk nembe nggarap PR Matematika.”
“Ya wis, nak wis rampung ndang turu !”
akone Bu Atun.
“Inggih Buk.”
Bu Atun langsung metu saka kamare Warti
lan melbu menyang kamare. Warti langsung nerusake anggone nggarap PR.
Let setengah jam Warti rampung anggone
nggarap PR. Warti langsung mapan turu. Nanging wis jam rolasan. Warti isih ora
bisa turu. Angin kang sumilir marai wulu tangane mrinding.
“Bruuuuk !”
Krungu suwara kaya ngono Warti langsung
jerit ngundang ibune.
“Buuuk Ibuuk !!”
Krungu anake jerit-jerit Bu Atun
langsung mara menyang kamare Warti.
“Ana apa ta nduk kok njerit-jerit ?”
“Kula Wedi buk turu piyambakan,
njenengan sare mriki nggih buk kalih kula,” wangsulane Warti.
Dikancani Ibune, warti rada lego lan
bisa turu dikeloni Ibune nganti tekan isuk.
*****
0 komentar:
Posting Komentar