Desa dringu menika wonten ing sawetanipun kutha
Probolinggo,taksih kepetung trajange dalan gedhe Daendels. Nalika wonten ing
taun 1947 Wimbadi dipun pindhah jawatipun wonten ing Probolinggo.
Wimbadi mboten kedah pados pondhokan amargi wonten saderekipun saking sala
wonten ing Dringu yaiku mbakyu Pandam, garwanipun mbakyu, mas
Pandam ngasta wonten pabrik gula. Mbakyu Pandam saweg ngandhut lan
niate badhe babaran wonten Sala, dados Wimbadi saged ngancani Mas Pandam.Saben
dinten Wimbadi nitih sepeda saking Dringu-Probolinggo. Amarga kantore mboten
tebih sanget dados ngangge sepeda
Mbakyu
Pandam mboten kagungan abdi, dados sedaya dipun cepeng piyambak. Gadhah
ingon-ingon asu jenenge Tambur.
Dina
iku tanggal 21 Juli awan-awan jam loro Wimbadi mulih saka kantor, akeh
montormabur klinteran mbrengengngeng. Ngantos jam 4 sonten, Wimbadi lan mas
Pandam sami-sami bingunge. Jebul swara montormabur lan swara bedhil-bedhil
senjata api mau kuwi tandane perang. Wonten prahoto kang sejatosipun kangge
momot-momot barang ananging prahoto menika malah momot-momot wong , banjur
Wimbadi lan mas Pandam mlayu saka kana, liwat mburi omah nanging liwat mburi
omah kedah mlumpati tembok kang dhuwure 3 meter. Lajeng mas Pandam mlumpat,
Wimbadi bingung tapi melu ngetutaken mas Pandam, si Tambur jegog-jegog ana ing
ngisor tembok, diprentah mas Pandam mubeng. Wimbadi lan mas Pandam mlayu liwati
sawah, mas Pandam tiba ngrungkebi galengan, mas Pandam ora obah . Wimbadi bingung,
Wimbadi mlayu saka kana lan nggolek panggonan kang aman. Nalika iku jaman-jaman
walanda ngawontenaken serangan sasi juli 1947, objek-objek vital dipun
bumihangusaken.
Wimbadi
saiki wonten ing dusun sak kidulipun dusun Dringu. Wonten mriku Wimbadi sareng
kaliyan pengugsi sanes. Wonten Dulmanan, Dasiyun, Martimbang lan Martimbul ,
Dul Genuk , Basuki, Kusman, mas Adi Waluya lan sapiturutipun. Wimbadi inggih
tresna kaliyan Kenya ingkang ayu namanipun Kingkinarti. Piyambakipun ngarosaken
benten nalika pepanggihan kaliyan Kingkinarti. Wimbadi nyuwun marang si
Dulmanan supados piyambakipun saged cedhak kaliyan Kingkinarti. Wimbadi sampun
nganggem pinten-pinten cara, nanging Kingkinarti mboten mendhel.
Kahananipun
kutha Probolinggo sangsaya kisruh. Pemudha-pemudha wonten dusunipun Wimbadi
mboten amung ngratapi kedadeyan sedaya menika. Nalika ndalu padha ngawontenaken
serangan bebarengan. Padha nyabrang dalan Daendels. Ingkang dados kepala regu
Mas Adi Waluya, wakil regu Ananta, Dul Genuk, Wimbadi, Basuki, Dasiyun,
Dulmanan, Martimbang lan Martimbul, Kusman. Ananging wonten serangan menika Dul
Genuk kena peluru lan sekarat. Para pemudha inggih menika bingung amargi Dul
Genuk ketembak tentara walanda. Lajeng Dul Genuk dibekta wonten dusun malih,
wonten ing dusun menika para pemudha bingung amarga peluru menika kedah
dipundhut supados Dul Genuk mboten ke lara lara, badhe wonten mantra tebih,
kahanan inggih mboten saged dipun paksa, ketua regu lajeng damel undian kangge
sinten tiyang ingkang kedah nembak mati Dul Genuk, supados Dul Genuk mboten ke
lara-lara. Dasiyun kang kedah nembak Dul Genuk. Kedadeyan menika sedaya ugi
ndamel perkawis ingkang boten rampung , Dasiyun bunuh diri, Kusman kenthir.
Wibadi sangasaya bingung dening kahanan menika, lajeng piyambakipun tindhak
saking dusun menika pados panguripan ingkang langkung tentrem, kutha Sala
ingkang dados tujuan. Wonten Sala Wimbadi saged pepanggihan malih kaliyan
Kingkinarti, ingkang jebul saweg ngandhut. Kingkinarti lajeng nyariosaken
kedadeyan saksampunipun Wimbadi kesah saking dusun menika.
0 komentar:
Posting Komentar