Wong jawa pancen sugih budaya awujud karya seni, sastra, tradisi utawa legenda lan mitos. Wong jawa ora bisa ucul saka mitos – mitos utawa kapercayan ngenani mistik. Gawe ngandani utawa nyeneni anake, wong jawa duweni cara khusus. Mesthi para pambiaca tau krungu wong tua ngendika ora ilok nalika ngandani anake kan ? ya iku kang diarani Pamali. Wong jawa nyakini yen pamali iku kasunyatan lan duweni pantangan kang ora entuk dilakoni. Yen pantangan kui dilanggar bakal nemoni kasusahan.
Jaman saiki akeh kang wis
ora percaya marang pamali amerga ora logis.
Sahingga wong jaman saiki ngaggep pamali iku takhayul. Ngomong – ngomong soal logis, pamali umpama dikaji uga duweni pamikiran kang logis. Mula admin ameh mosting pamali kang ana ing masyarakat jawa kanti
katerangan kang logis.
Ø Yen mangan kudu dienteke, mundhak
pitike mati.
Katerangan
:
Wong
tua golek rejeki gawe sak pulukan sega ora mung donga tok, ananging uga kerja
kanti adus kringet. Mula wong tua nyaranke anake supaya panganane dienteke. Yen
panganane dienteke, berarti anak ndueni rasa sukur marang Gusti kang paring
rejeki hasil saka kerja wong tuane. Wong kang ora bisa sukur marang rahmat
Gusti mangka rejekine bakal dilongi. Rejiki kalong amerga ora sukur dilambangke
“pitik mati yen ora entek mangane”.
Ø Yen nyapu sing resik, mundhak bojone
jebresen.
Katerangan
:
Biasane
kang entuk tugas nyapu yaiku wong wadon. Saka hasil anggone nyapu, bisa didelok
karakter saka wong wadong iku. Yen
hasile ijek reget, berarti wong wadon iku ndueini sifat kesusu lan ora teliti.
Yen hasile resik mangka wong wadon iku ora kesusu lan teliti. Mangka yen wong
wadon pingin nikah karo wong lanang kang bagus lan resik atine, wong wadon kudu
sinau sabar lan cermat lumantar tugas sedina – dinane. Amerga wong bagus lan
resik atine bakal mileh wong wadon kang teliti saka tugas sedina - dinane.
Ø Aja nglungguhi bantal, mundhak udunen
Katerangan
:
Bantal
lan kursi duweni kagunaan kang beda. Bantal digunaake gawe turu lan kursi
digunaake gawe jagong. Yen bantal dijagongi iku ora sopan lan ora bisa ngepaske
karo kagunaan barang – barang iku. Perkara udunen iku mung gawe meden – medeni
supaya bantal bisa digunake miturut kagunaane.
Ø Aja ngidoni sumur mundhak suwing
Katerangan
:
Sumur
yaiku sumber banyu kang digunaake kanggo masak lan adus. Sumur uga dianggep
sumber kauripan. Mula wong jawa jaman biyen nyumpahi sapa wae kang ngidoni
sumur lambene bakal suwing.
Ø Aja dolan ing wayah surub, mundhak
digondol wewe.
Katerangan
:
Surub
yaiku wayah keluarga padha kumpul sawise aktivitas.
Mula wong tua ngelingke anake supaya ora metu omah nalika surub. Ora merga anak
– anake diculik wewe ananging wong tua luwih tenang yen anak – anake ana ing
jero omah nalika surub.
Ø Aja bengak – bengok lan omong saru ing
sajroning alas
Katerangan
:
Masyarakat
jawa jaman biyen ngyakini yen alas iku panggonane kewan ganas lan bangsa
lelembut. Mula wong tua nglarang anake supaya aja bengak – bengok ing
sajeroning alas, amerga bisa ngundang kewan ganas kayata macan lan singa. Wong
tua uga nglarang anake supaya ora ngomong saru supaya ora kelebon bangsa
lelembut.
Ø Aja singsot sajroning omah ing wayah
wengi, amarga bakal antuk wangsulan saka bangsa lelembut ing jaban kamar.
Katerangan
:
Singsot
biasa dlakoni wong lanang. Ananging gawe wong jawa singsot ing jero omah iku
ora elok. Amarga singsot ing jero omah iku dianggep ora sopan. Mula wong tua
ngelingke anake supaya ora singsot ing jero omah. Ora merga bakal diwangsuli
bangsa lelembut, ananging iku carane wong tua ngelingke anake.
Ø Aja seneng nganggo klambi sinambi
mlaku, mundhak kekarepane ora kaleksanan.
Katerangan
:
Nganggo
klambi sinambi mlaku mung dilakoni karo wong kang kesusu amerga ngoyak wektu.
Wong kang gaweane kesusu ora bakal bisa mujudake cita – citane. Amerga cita –
cita bisa diwujudake kanthi proses alami.
Ø Aja seneng jabut alis (mligine bocah
wedok), mundhak oranikmat rikala saresmi
Keterangan
:
Saliane
gawe nglindungi mripat supaya ora langsung kena kringet, alis migunani gawe
sebab ayune wong wedok. Mula yen wong wedok ora duwe alis diibaratke kurang ngeki
kanikmatan seksual marang bojone.
Ø Aja seneng ngegarke payung sajroning
omah, mundhak ana kadadeyan kang ora becik sajroning omah.
Katerangan
:
Saliane
ora sopan, ngegarke payung uga gawe jero omah dadi sempit. Sahingga ngalang –
ngalangi wong kang padha lewat. Mula ngegarke payung sajroning omah bakal
kadadean kang ora becik, kayata tiba kesandung payung kang digarke.
Mangkono
tuladha pamali jawa. Jan – jane pamali jawa ijeh akeh tuladhane. Nanging aku
jaluk pangapura mung takposting samono. Yen ana kesempatan, bakal takposting
maneh ngenani tuladha pamali jawa.
Sumber :
Achmad,
Wantala, Sri. 2014. Pamali & mitos
jawa ilmu kuna antara bejo dan kesialan. Yogyakarta : Araska
0 komentar:
Posting Komentar