Rasulan Ing Gunungkidul

Posted by

Rasulan yaiku sawijining budaya tradisional saka daerah Gunungkidul kang lumrah dilakokake sawise panen teko, cara mau duweni ancas kanggo ngucapake syukur marag gusti awit wis paring rejeki lan minangka ritual supaya bisa uwal saka musibah. Tembung rasulan dhewe ora saben dikaitke kalawan sawijining acara kang ana sambung rapete karo pengetan kanggo sawijining momen gesange Nabi Muhammad SAW, kaya maulid Nabi utawa Isra Miraj. Nanging rasulan kanggone warga ing Gunungkidul minangka sawijining acara kang di anakake kango gusti kang murbengrat awit wis paring nugraha kanggone para warga.
            Warga ing Gunungkidul nengeri rasulan minangka dina riaya katelu, sakliyane Idul Fitri lan Idul Adha. Dadi, tradisi iki mirip karo tradisi lebaran, ing ngendi sawijining pawogan teko ing omahe sedulure kanggo silaturahmi lan ngrasakake enake panganan kang wis sumadya. Urung ana cathetan kang resmi kapan tradisi rasulan iki dilekasi. Nanging, sing genah menawa tradisi iki wis ditindakake suwe - suwe dina lan minangka warisan saka leluhur masyarakat Gunungkidul. Tradisi kang di anakake setahun sepisan iki biasane ditidakake nganti pirang - pirang dina lan diwiwiti kanthi kerja bakti ngresiki lingkungan sakupenge dhusun kayata mbenerake dalan, gawe utawa ngecet pager pekarangan, lan ngresiki makam. Mula, tradisi rasulan iki uga bisa diarani merti desa utawa bersih dhusun.
KEISTEMEWAAN RASULAN

            Akeh nilai positif kang bisa digunakake ing tradisi rasulan. Bakune kanggo masyarakat Gunungkidul, tradisi iki minangka salah sawijining budaya lokal kang perlu dilestarekake. Kejaba kuwi, tradisi iki uga minangka srana kanggo nuwuhake semangat paseduluran, lan dadi salah sawijining wadhah kanggo wisatawan manca. Tradisi iki uga nampilake lan ngenalake kesenian lan kabudayan masyarakat Gunungkidul. Ing wengi pungkasane acara rasulan, kang padha teko bisa nonton maneka warna tampilan.


FOLLOW and JOIN to Get Update!

Social Media Widget SM Widgets




Demo Blog NJW V2 Updated at: 21.22

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.